Pertamane aku bingung, arep nggawe blog iku gawe opo. Trus ta’ pikir-pikir, sebagai arek Gresik sing sejati (cie…h) enak’e gawe blog khusus gawe ngawasi lan ngomentari kutone dewe… yo paling gak iso nyumbang pikir gawe apik’e kota iki….
Wong Gresik sing seneng cangkruk nang warung kopi gawe jandonan ket isuk sampek dalu, malah sering sampek gak turu. Yo koyo ngono lek dadi wong Gresik. Tapi cak, piye lek saiki jandon’e gak nang pinggir dalan, tapi nang ngarep’e internet? wah lak asik iku!!
Pengen ngopi, yo nggaweo dewe. Lek ngopi tulisan yo monggo. Melu jandon? monggo….

nggresik tambah panas rek!! dadi ga kerasan muleh neng kono, tandurane garing dek jarno ae…
hehehehe…salam kenal ahhh…ketemu lagi ama orang gesik
*jingkrak-jingkrak*
Iyo mas emang tambah panas wae nggresik iki, opo maneh atine wong-wong’e, tambah panas maneh!
Aku malah wingi (wes sa’ wulan be’ne) gak adus-adus pekoro banyu PDAM gak metu-metu…
wah ketemu wong gresik nang kene kok melas kabeh rek, nek di woco wong sak indonesia di kiro gresik iku kota tertinggal hahaha. aku iki yo wong gresik buka2 nang kene cari kabar seng bahagia kok nemu melas2 tok kurang banyu terus
eh tapi ancen kota gresik iku kok gak iso seapik kota2 liyo padahl tonggo2ne apik2
emg kota gresik kudu di kritisi biar pak bupatinya kiai tapi kotanya kok semakin tidak santri, di web pemkab aja gak ada sama sekali data2 tentang pondok pesantren yang sebenarnya jadi aset kota gresik
Yo gak popo ngritisi rek tapi jo katek ngelokno….
Sak temen’e Gresik iku yo potensial, tapi kurang digarap optimal wae….
udah pasti semua daerah punya potensi (potensial) masalahnya bagaimana menggarap secara optimal, nek menurut peno emg potensi kota gresik opo seng kudu digarap lebih optimal lagi biar kota gresik tidak hanya terkenal dengan panas dan kurang banyu??
ahmadfk, di/pada November 15th, 2007 pada 1:00 pm Said:
Yo gak popo ngritisi rek tapi jo katek ngelokno….tapi nek ga gawe loro ati lak ga popo tah hehehe (guyon cak) lah iku aku moco nang Kritik untuk Gresik
ayo mbangun gresik nek tambah maju…
salam teko mbenjeng…
Salam dewe…..
Jeneng Benjeng iku piye asal-usul’e mas…? ero tah peno?
paling gara2 wong kono senengane janji2 terus mbenjeng (besok) cak tak parani. hehehe
*lompat dari ziegrusak*
sayang beritane njiplak Jawa Pos Radar Gresik, eman temen, lha ayo mbikin berita dhewe yang penting orisinil!
ngene ae … mending gawe web koyok arek malang forum seluruh kotae aku iki ngiri kok arek gresik gak ono inisiatif koyok arek malang iki alamate arek malang http://www.forum.ngalam.org
Pemkab Gresik wis duwe forum resmi. Alamat’e nang http://www.gresik.go.id/forums
Sing melu nimbrung yo akeh kok…
Iyo mas…berita’e iku sik njuput-njuput tok….
Tapi gak njiplak mas…soal’e tak tulis sumber’e….
Lek nggolek berita dewe gak sempet…..
mungkin gak suwi arep ta’ gawekno website sing resmi isine berita Gresik..dadi gak bentuk blog….
Tapi sik dalam proses…
Walah, gak athik web-web-an. Masiha nggehe blog, sing penting isine akeh (e, kliru – akeh sing ngisi) mbik manfaat ge mbangun Nggresik. Lak ngono tah?
@ semuanya : ayo rek ga usah ngeributno nggawe web-weban opo blog…podo ae..SING PENTING TUJUANE PODO APIK’E
nek masalah isine, ga popo sementara njupuk teko sumber liyane sing penting iso dipertanggungjawabkan!!! mari ngono yo yaopo carane awak dewe gawe media yang bisa ngasih kontrol untuk pemerintah gresik demi kemajuannya…
wes sing penting piye carane ndadekno Gresik berhias iman tenan, ora cuman dadi hiasan tok…
Kritikane opo cak? Masalah dala rusak, angel banyu, akeh sampah nduk alun2 ta opo sing membangun..
kota santrine dereng sempurno,sik akeh areh kekurangane,contone warung 5 watt…he..he..he..100X